Khutbah Jum’at Singkat Bahasa Jawa Terbaru

Diposting pada
Advertisements

Teks Jum’at Singkat Bahasa Jawa Terbaru

الحْـَمْدُللهِ نَحْمَدُهُ  وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُـرُوْرِ اَنْفُسِـنَا وَمِنْ سَيِّـئَاتِ أعْـمالِنَا مَنْ يَهْـدِ الله فَلامُضِلَ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلهُ فَلَاهادِيَ لَه. اَشْـهَدُاَنْ لااِلَهَ اِلَّاالله وَحْدَهُ لاشَـرِكَ لَهُ, واَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّـدًا عَبْـدُهُ ورَسُـوْلُهُ صَـاحِبُ الْوَسِـيْلةِ وَالْفَضِـْيلَة. اللَّهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ وبارِكْ عَلَى سَـيِّدِنا مُحَمَّد وعلى أَلِهِ وَصَحْبِـهِ وَمَنْ وَالَاهُ وَلاحَوْلَ ولاقُـوَّةَ إلَّابِالله, أمَّابَعْـدُ. يامَـعاشِـرَالْمُسْلِمِـيْنَ رَحِمَ كُمُ الله, أُصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى الله, إتَّقُواالله حَقَّ تُقَـاتِهِ وَلاَتَمُوْتُنَّ إلَّاواَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ الله تَعَالَى في كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ. أعُوْذُباللهِ مِنَ الشّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, بِسْمِ الله الرَّحْمَنِ الرَّحِيْم. وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ َلأزِيْدَنَّكُمْ ولَئِنْ كَفَرْتُمْ إنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ.

Rahimakumullah. Para Jamaah Jumat Sedoyo, Minangka purwakaning atur mangga kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngerso dalem Allah, awit sampun peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa kawical wical, langkung langkung rahmat kawilujengan lan yuswa panjang dateng kita sedaya, sahingga siang punika kita tasih saget menangi malih dinten jumat, lan saget makempal ing masjid punika kanti tanpa manggih rubeda satunggal punapa.

Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking ngerso dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala , Kados dawuhipun Allah :

إِنَّ اللَّهَ مَعَ الَّذِينَ اتَّقَوْا وَالَّذِينَ هُمْ مُحْسِنُونَ

“Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik”. (QS. An Nahl :128).

Manawi kita setitekaken kawontenan gesangipun manungsa ing donya punika kenging kita umpamakaken kados dene tiyang kekesahan ingkang tebih nyabrang seganten ingkang kebak ombak nuju dateng pantai bahagia ingkang dipun idham-idhamaken.

Sedoyo tiang gadah pengangen-angen supados anggenipun gesang ing dunya saget anggayuh ketentreman saha kabegjan ngantos wonten ing akhirat sakmangke. saking puniko kito kedah memahami kanti leres bilih ingkang dandos sumber katentreman lan kebahagian meniko mboten saking kathipun bondo donyo, mobil ingkang mewah, griyo ingkang megah, ananging sumber katentreman saha kabegjan meniko wonten ing manah saben tiyang. menawi kito gatosaken sak kelilingipun kito bade nemokaken bilih katah ingkan gadah bondo donyo melimpah ananging dewekipun mboten saget ngraosaken kabegjan, ketentreman lan kedamaian ing manahipun, keporo malah sak walikipun malah ngraosaken manah ingkang mboten tenang. Saking meniko kito kedah gatosaken manah kito supados tetep tentrem lan bahagia.

Supados kita saget anggayuh gesang ingkang bahagia tentrem lan slamet donyo akhirat pramilo kedah berusaha nindakkaken amalan ingkang saget dumugekaken katentreman gesang lan kabegjan dunyo akhirat.

 Baca juga: Petunjuk Kesehatan untuk Usia di Atas 50 Tahun

  1.  Iman Lan Amal Shaleh

Sebab ingkang paling pokok lan paling utami supados kito saget anggayuh ketentreman lan kabegjan dunyo akhirat inggih puniko kanti Iman lan nindakkaken amal shaleh ingkang sampun diprentahaken Allah saha Rasulipun.

Allah berfirman,

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهٗ حَيٰوةً طَيِّبَةًۚ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ

saking ayat kolo wau nedahaken bilih Allah bade paring balasan dumateng tiyang ingkan iman lan nindakkaken amal shaleh keranten Alloh bade dipun paringi hayah toyyibah . artosipun dipun paringi manah ingkang tenang lan tentremipun jiwo. Alloh paring kanugrahan Rizki ingkang halal saking arah ingkang mboten songko-songko.

  1. Ilmu Ingkang Bermanfaat

Kanti ilmu kito bade saget mbentenaken pundi ingkang haq lan pundi ingkang bathil. sahinggo kito saget mlampah wonten dalan ingkang haq lan dumugekkaken katentreman lan kebahagian ingkang haqiqi.

  1. Akhlaq Mulia

kanti Akhlak ingkang sae, tindak tanduk budi pekerti ingkang sae kito bade ngraosaken pagesangan ingkang tentrem lan dadosaken kito gesang kanti bahagia.

benten malih menawi kito gadah akhlaq ingkang awon, remen damel memengsahan, menawi mekaten bade dadosaken panggesangan ingkang sempit, manahipun mboten tenang lan mboten saged ngraosaken kebahagian.

  1. Syukur nikmat lan dzikrulloh (enget dateng Allah)

Kanti syukur nikmat Alloh bade nambah nikmat ingkang dipun anugrahaken dateng kito, lan kanti syukur nikmat manah kito saget tenang. lan ugi kito ngatahaken eling dumateng Alloh. kanti tansah enget dateng Allah, Allah bade nurunaken rahmatipun.

Para sederek kaum muslimin ingkang minulyo, Kanti khutbah meniko kito saget mendet kesimpulan saking khutbah ingkang sepindah inggih punika kebahagian ingkang haqiqi inggih puniko kito saget anggayuh keslametan sak mangke wonten ing akhirat, kebahagian meniko sumberipun wonten ing manah kito sedoyo selaku umat muslim kito kedah mangertosi punopo engkang saget dadosaken kito bahagia wonten ing dunyo lan ing akhirat.

Mugi-mugi kito kagolongaken hambanipun Allah ingkang tansah enget dateng Alloh, dados hamba ingkang bersyukur lan mugi kito saget anggayuh kabegjan wonten ing dunyo lan akhirat.

Khutbah kedua: Khutbah Tsani

اَلْحَمْدُلله حَمْدًاكَثِيْرًاكَمَا اَمَـَر اَشْـهَدُاَنْ لااِلَهَ اِلَّاالله وَحْدَهُ لَاشَـرِكَ لَهُ إِرْغَـامًاِلمَنْ جَحَـدَ بِهِ وَكَفَرَ واَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمّداً عَبدُهُ وَرَسُولهُ سَيِّدُ الاَنْسِ والْبَشَرِ. الَلَّهُمَّ صَلِّ وسلِّمْ وبارِكْ علَى سيّدنا محمد وعلى اله وصحبه وسَلَّمَ تَسْلِمًاكَثِيْرًا. أمَّابَعْدُ…

فياايهاالناس إتَّقُوالله حق تقاته ولاتموتن الا وانتم مسلمون. قال الله تعالى في كتابه الكـريم. أعوذبالله منا  الشـيطان الرجيم بسم الله الرحمن الرحيم.إن الله وملائكته يصلون على النبي ياايها الَّذين أمنوا صلُّوا عليه وسَلِّمُوا تَسْلِيْمًا. الَلَّهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ وبرك على سيّدنا مُحمّد وعلى اَلِ سيّدنا مُحمّد كَمَا صَلَيْتَ على سيّدنا ابراهيم وعلى ال سيدنا ابراهيم, وبارك على سيدنا محمّد وعلى ال سيدنا محمّدٍ, كما باركت على سيدنا ابراهيم وعلى ال سيدنا ابراهيم, فى العالمين انك حميدٌ مجيدٌ . ورضِى اللهم على اربعة العلماء الرَّشِدِيْنَ سيدين أَبىِ بَكْرٍ وعُمَرٍ وعُثْمَانٍ وعَلِّىِ وعَنْ بَقِيَّـةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّبِعِيْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْن ومن تبعهم باحسن الى يَوْمِ الدِّيْنِ. وعلينا معهم بِرَحْمَتِكَ يااَرْحَمَ الرَّحِمِـيْن.

 اللهمَّ اغفر للمؤمين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات الأحـياءمنهم والأمـوات إنك سمـيعٌ قـريبٌ مجيبٌ الدَّعْـوات ياقَضِيَ الحاجات.

اللهمَّ إدْفَعْ عنِ الغَلاءَ والوَباءَ والبَلاءَ والفَحْشـَاءَ والمُنْـكَرَ وَالْبَغْيَ السُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ الشَّـدَائِدَوَاْلمِحَـنَ ماظَهَرَمِنْهَاومابَطَنَ مِنْ بَلَـدِنَا هَذَا خاصَّة ومِنْ بُلْـدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةَ اِنَّكَ على كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْـٌر.ربَّنا اَنْزِلْ علينا مائِدَةً مِنِ السَّـماءِ تَكُوْنُ لنا عِيْدَ الِّلأَوَّلِنَا وأخِـرِنا واَيَاتَ مِنْكَ وَرْزُقْنَا وانْتَ خَيْرُ الرَّازِقِـْين

َ.ربّنا اتنافى الدنيا حسنة وفى الأخرة حسنة وقنا عذاب النَّار. 

 عِبادَالله إن الله يَأْمُـرُبِالْعَدْلِ وَلْإِحْـسانِ وإيتاءِ ذِى الْقُرْبَي وينهى عن  الفخشاء والمنكر والبَـغْىِ يَعِظُـكُمْ لَعَلَّـكُم تذَكَّرُوْنَ, فاذْكُرُوااللهَ الْعَـظِيْمِ يَذْكُرْكُمْ واشْكُرُوْا علَى نِعَمِـهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْاهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُاللهِ أَكْـَبرُ.

Advertisements

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan.